Pengikut

Diberdayakan oleh Blogger.
RSS

Meh Rahina

Bawa:
Hayo rowang hangayahi kardi
Nora kendhat pambangune desa
Pinudi murih becike
Supaya tansah maju
Ngupakara karang lan kitri
Guyub rukun tumandang
Asengkud gumregut
Temah dadya tata harja
Handayani murah sandhang pangan yekti
Jro kutha desa-desa

Lagu:
Wus meh rahina sumirat bang ing wetan prenahe
Para tani wiwit mangkat anggarap sawahe
Amanggul pacul garu luku anggereg kebone
Andalidir anglur selur datan ana pedhote

Gliyak-gliyak angliyak tansah rame ing gawe
Sesambene tetembangan laras lelagone.. Laras lelagone..

Mungguh pedahe wanci ngundhuh tikel pawetune
Subur makmur murah sandhang pangan wekasane

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar